TUGAS BAHASA JAWA KELAS XI : MAKALAH TINGKEBAN atau MITONI
Contoh Makalah tentang tingkeban atau mitoni
BAB I
1.1 Landhesan Masalah
Tingkeban/mitoni iku salah siji upacara saka tradisi Jawa, upacara iki disebut mitoni asalé saka ‘am’ (ater-ater am nuduhake tembung kata kerja) + ’7′ ( angka pitu) kang ateges upacara sing dilakoni nalika itungan ke-7. Yen Tingkeb artine tutup, Dadi tingkeban yaiku upacara panutup suwine ibu meteng ngantii ngelahirne bayi.
Upacara mitoni sawijining adat kebiasaan utawa sawijining upacara kang dilakoni ing sasi ke-7 nalika ana salah sijining wanita meteng.Upacara iki ditekani dening si ibu, bapak, keluarga, dukun lan ulama. Kanthi pangarep arep supaya si jabang bayi kang ono gua garbane ibu, lan ibune kang ngandet tansah pinaringan keslametan.Ing upacara iki ibune sing meteng ing karang banyu lan kembang setaman diiringi Tujuan kanggo nyuwun pandonga marang moho kuwoso Gusti Allah, muga-muga bakal diparingi rahmat lan pangestune supaya bayi bakal lair aman lan swara. Saben tiyang sepah bakal nyana bocah sing bakal lair bakal dadi bocah apik lan bisa ketemu sing pangarepan kasebut.
Tata upacara kang ditindakake nalika ngandet, yaiku siraman, nglebokna endhog ayam kampung menyang njero kain calon ibu sing dilakoake bojone, ganti busana, nglebokna kelapa gading enom, nugel lawe/lilitan benang/janur, mecahke periuk lan gayung, nginum jamu sorongan,lan nyolong endhog, cekake yaiku upacara mitoni kang dipercaya kanggo sarana ngilangake petaka/bebaya/mala, yaiku nuduhake menawa upacara-upacara kuwi mujudake penghayatan bagian-bagian kepercayaan lami. Kejaba kuwi, kalebu adat istiadat kang dilestarikake secara turun temurun nang sawijining kelompok sosial. Nek adat istiadat kuwi ora dilakoni arep ndadeake ecean lan jeneng ala kanggo keluarga wong kuwi ing satengahin kelompok sosial ing masyarakate.
Mitoni ora bisa dilakoni sewayah-wayah, biasane milih dina kang dianggep becik kanggo nganakake upacara mitoni. Dina kang apik kanggo upacara mitoni yaiku dina Selasa (Senin awan tekan wengi) utawa Setu (Jumat awan tekan wengi) lan dianaake ing wektu siang utawa sore. Kanggo papan panggonane upacara biasane dipilih ing pasren, yaiku senthong tengah. Pasren kanggone among tani kanggo panggonan nyembah Dewi Sri, dewi pari. Amarga masyarakat saiki ora duwe senthong, mula upacara mitoni biasane dilakoake ono ing ruang keluarga utawa ruang kang amba kang cukup kanggo nganaake upacara.
Ana ing makalah iki bakal dibahas asal-muasale mitoni/tingkeb, urutaning lan tata carane mitoni/tingkeb sing dilakoni masyarakat jawa.
1.2 Underane Masalah
1) Kepriye sejarah tradisi Tingkeban?
2) Apa wae ubarampe sing digawe ing tradisi Tingkeban?
3) Kepriye proses utawatata carane tradisi Tingkeban?
4) Kapan tradisi kasebut dilaksanakake?
5) Kena apa dilaksanakake tradisi kasebut?
6) Kena apa yen tradisi kasebut ora dilakoni?
7) Kepriyegayutane antara tradisi Tingkeban karo ajaran Islam?
8) Apa nilai kang kinandhut ing Upacara Tingkeban?
.
1.3 Tujuwan
1. Kanggo mangerteni sejarah upacara Tingkeban.
2Kanggo mangerteni apa wae ubarampe sing digunakake ing tradisi Tingkeban.
3 Kanggo mangerteni proses utawa tahapan tradisi Tingkeban.
4.Kanggomangerteni gayutane antara tradisi Tingkeban karo ajaran Islam.
5. kanggo mangerteni hal-hal sing disiapnekanggo jalane upacara Tingkeban.
6. kanggo mangerteni kaitan antara upacara Tingkeban lan ajaran Islam.
1.4 Paedah
Penelitian iki dilaksanaake kanggo harapan supaya masyarakat iso ngerteni lan mahami tradisi kasebut kanti bener , lan apik dipandang saka segi budaya utawa ajaran agama. sarana iki uga dadi latihan kanggo penulis supaya ningkatne kemampuan nulis penulis. Landadi media pewarisan ilmu sesepuh kanggo generasi teruse. Penulis duwe kekarep penelitian iki kenek digunaake kanggo referensi penelitian-penelitian ing sateruse .
BAB II
2.1 Teges/Sejarahe
Miturut carita sing wis kasebar lan turun-temurun, tingkeban pancen wis ana saka kawit jamanePrabu Jayabaya.
Mula-mula. “Tingkeban” dijupuk saka jenenge wong wadon sing jenenge Niken Satingkeb, yaiku garwane Ki Sedya. Wong loro iku nduweni anak sanga, nanging kabeh mau mati cilik. Kabeh usaha wis dilakoni, nanging tetep ora kasil. Akhire, wong loro mau ngadep lan matur kahanane marangraja Kediri, yaikuKanjeng Prabu Widayaka (Jayabaya).
Jayabaya menehi pitutur sing kudu dilakoni, Niken Satingkeb lan Ki Sedya kudu nglakoni 3 ritual, yaiku: Saben dina rebo lan sabtu, jam 17.00, diharusne adus nggawebathok klapa; sakwise adus ganti klambi sing isih resikkaro nggembol klapa gading sing dihiasi Kamajaya lan Kamaratih/Wisnu lan Dewi Sri sing ditaleni nggawe godhong tebu tulak, banjur dibrojolne ngisor, sakwise kelapa gading maeng dibrojolne, taline dipedotkenggawekeris karo bojone.
Anangning sing dadi syarat utama, wong loro mau kudu sregep manembah mring Hyang Widhi laku becik, welas asih mring sapada, kejaba iku, Niken Satingkeb lan Ki Sedya kudu nyucekake awak kanthi adus banyu sing dijupuk saka pitu sumur utawa sumberan. Wong loro mau kudu uga menehake sesajen arupa kembang setaman lan kelapa gading sing isih nom.
Sakwise nglakoni kabeh ritual sing dianjurke Raja Jayabaya, akhire Gusti Kang Murbeng Dumadi, nyenmbadani panyuwune. Wong loro mau diwenehi momongan sing nduwenu umur kang dawa. Mula saka kedadeyan iki, wong jawa padha nglaksanaake ritual kaya dene sing dilakoni Niken Satingkeb lan Ki Sedya, arikala lagi meteng pitung wulan, lan kanthi pangarep supaya baying ing weteng lan ibune bias slamet. Kanggo ngormati wong loro mau, mula kabeh ritual iku diarani “Tingkeban”.
2.2 Ubarampe
Ana telung tradisi sing dilakoni wektu meteng. Yaiku neloni, tingkeban utawa rujakan, lan plocotan.
Nanging sing wis kulino dilakoni among tingkeban. Adoh sa’durunge meteng ngidak wektu pitung wulan, wong tuwane bayi kudu nemtokake dina sing apik miturut petungan jawa, dina sing apik iku dina kang duweni neptu genep (12 utawa 16).
No
|
Jeneng Dina
|
Neptu
|
No
|
Jeneng Pasaran
|
Neptu
|
1
|
Ahad
|
5
|
1
|
Legi
|
5
|
2
|
Senin
|
4
|
2
|
Paing
|
9
|
3
|
Selasa
|
3
|
3
|
Pon
|
7
|
4
|
Rebo
|
7
|
4
|
Wage
|
4
|
5
|
Kamis
|
8
|
5
|
Kliwon
|
8
|
6
|
Jum’at
|
6
| |||
7
|
Setu
|
9
|
Dina- dina sing apikyaiku sing neptune 12 utawa 16, kayata Kamis Kliwon, Senin Kliwon, Akhad Pon lan liya-liyane. Kemis nduweni neptu 8 lan Kliwon nduweni neptu 8 dadi Kamis Kliwon nduweni neptu 16, lan karo Senin Kliwon nduweni neptu 12 lan Akhad Pon nduweni neptu 12.
Saliyane nemtokake dina sing ana aturane, ana werna-werna ubarampe/piranti sing ruwet.
Dene uborampene yaiku:
No
|
Jeneng Ritual
|
Wektu
|
Piranti
| |
1
|
Neloni
|
Meteng wulan kaping telu
|
Takir plontang 4 buah
| |
Golong 7 buah
| ||||
Jajan pasar
| ||||
Jenang abang
| ||||
Jenang putih
| ||||
Jenang kuning
| ||||
Jenang ireng
| ||||
Jenang sengkolo
| ||||
2
|
Tingkeban
|
Meteng wulan kaping pitu
|
Woh-wohan
| |
Punar 2 buah
| ||||
Kembang setaman
| ||||
Sesaji dakripin(Suro ganep)
| ||||
Daun dadap serep
| ||||
Godong ringin
| ||||
Godong andong
| ||||
Janur
| ||||
Mayang
| ||||
Jenang abang
| ||||
Jenang putih
| ||||
Jenang kuning
| ||||
Jenang ireng
| ||||
Jenang waras
| ||||
Jenang sengkolo
| ||||
3
|
Procotan
|
Meteng wulan kaping wolu
|
Jenang abang
| |
Jenang putih
| ||||
Jenang kuning
| ||||
Jenang ireng
| ||||
Jenang waras
| ||||
Jenang sengkolo
| ||||
Jenang inthil-inthil
| ||||
Jenang sewu (dawet)
| ||||
Jenang sempuro
| ||||
Jenang kembo
| ||||
Jenang procot
| ||||
Jenang arang-arang kambang
| ||||
Ketupat lepet
|
Sekabehe piranti kasebut disiapne dudu merga ora ana artine, kabeh duweni werdi utawa maknane dewe dewe
2.3 Tatacara Tingkeban/Mitoni
1. Pembarep, diwiwiti moco Q.S Al-Fatihah, Al-ikhlas 3x, al-falaq 1x, an-nas 1x, lan ayat qursi 7x. Upacara siraman dilakokake ning jeding/sumber banyu, ciduke nggawe siwur klapa, lan dipimpin karo dukun utawa anggota keluarga sing dianggep paling tua, totale 7 uwong termasuk karo bojone si calon ibu.
Siraman utawa adus yaiku simbol upacara minangka ngresiki awak, becik kuwi raga utawa jiwa.Pitu, berarti pitulungan artine supaya bayi mengko iso dilairake kanthi slamet amerga oleh pitulungan saka sing Maha kuasa. Dadi siraman iki tujuane kanggo ngresiki calon ibu saka dosa-dosa dadi menawa mbesuk si calon ibu nglairake anake ora nduweni beban moral dadi proses kelahirane lancar.
2. Upacara nglebokake ayam kampung menyang njero (sarung) calon ibu kang dilakoake bojone nglewati weteng saka nduwur weteng terus di culake dadi pecah. Kegiatan iki maknanekanggo arep arep bayi lair kanti gangsar ora ana alangan apa-apa.
3. Upacara brojolan utawa nglebokake sepasang kelapa gading enom kang wis digambari Kamajaya lan Dewi Ratih utawa Arjuna lan Sembadra nang njero sarung saka nduwur weteng ibu tekan ngisor.Upacara iki ateges mbesuk bayi lair kanti gampang ora kangelan.
4. Upacara ganti busana dilakoake nganggo jarit 7 (tujuh) cacahe kanti motif kang beda-beda. Motif jarit lan kemben kang arep dienggo dipilih kang paling apik kanti pangarep-arep mbesuk si jabang bayi uga nduweni sifat-sifat kang apik kang ana lambang kain. Motif-motifpe yaiku :
a. Wahyu Tumurun: maknane supaya bayi sing arep lair tansah dadi uwong sing demen ngibadah supaya tansah diparingi petunjuk lan perlindungan marang Gusti Allah.
b. Sido Asih: maknanesupaya bayi sing arep lairdadi uwong sing mesti disayang lan dikasihi karo uwong-uwong uga nduweni sipat welas asih
c. Sidomukti: maknanesupaya bayi sing arep lair dadi uwong sing mukti wibawa, yaiku berbahagia lan dihormatii amarga kewibawaane
d. Truntum: maknane supaya budi luhur wong tuwane nurun (tumaruntum) marang bayine.
e. Sidoluhur: maknane supaya anak dadi uwong sing sopan lan nduweni budi pekerti sing becik.
f. Parangkusumo: maknane supaya bayinduweni kepinteran kaya lincipe parang lan nduweni ketangkesan kaya parang sing lagi digawe karo pesilat sekti. Diharapake isa mikul dhuwur mendhem jero, artine njunjung dhuwur drajate wong tuwa lan njagaapik jeneng kluarga.
g. Semen Romo: maknane supaya anak nduweni rasa cinta kasih marang sapada, kaya cinta kasih Rama lan Sinta marang rakyate.
h. Udan Riris: maknanesupaya anak isa nggawe suasana sing nyegerake, penak didelok, lan nyenengake sapa wae sing kancanan marang deweke.
i. Ceker Pitik: maknane supaya anak pinter anggolek rizki dadi isa nyukupi kebutuhan uripe, sukur isa kaya lan sakluwihe.
j. Grompol: maknane semuga kluarga tetep nyatu, ora semoga keluarga tetap bersatu, tidak bercerai-berai akibat ketidakharmonisan keluarga (nggrompol : berkumpul).
k.Kain terakhir sing digawe yaikuSidamukti. Makna simbolike isa dijabarake saka tembung sidamukti, sing berarti dadi mukti (mulia)utawa bahagia.
5. Kain sidamukti sing digawe mau, ditalekne karo tebu tulak/bolah putih/janur kuning, banjur talenan mau diketok karo bojone nggawe keris. Tebu tulak dadi simbol tolak bala, supaya anak adoh saka halangan. Bolah putih (lawe) simbol simpul kelairan wis mbukak,sakliyane janur kuning sing ditaleni ing weteng wanita dadi pratanda yen suami istri kasebut wis oleh cahaya(janur=nur) kemenangan,yaiku arep nduweni amanat awujud anak. Cahaya kui kudu diraih kanthi nglewati rintangan utawa keangelan, dadi calon bapak kudu isa ngatasi kawit cara ngetok janur. Dikethoke janur berarti upaya ngatasi keangelan,dadilaire sang jabang bayi lancar.. Sakdurunge tali dikethok, diwiwiti karo maca Al-Fatihah lan wacanan Robbi shrohli shodri wa yassirli amri 3x.
6. Upacara mecahake periuk lan gayung kang digawe saka bathok.Tujuane yaikusawab (doa lan puji keselametan.
7. Upacara nginum jamu sorongan, ngelambangake supaya anak kang dikandhet iku gampang lair kaya didorong utawa disurung.
8.Upacara nyolong endhog, nglambangake supaya kelairan sang jabang bayi cepet lan lancar kaya dene maling kang mlayu nggawa colongane. Upacara iki dilakoake nang calon bapak kang njupuk endog lan nggawa mlayu endoge kanthi cepet keliling kampung.
Kanthi dilakokake tata urutan upacara kasebut ing nduwur, ateges upacara mitoni dianggep rampung kanthi pratanda donga kang dipimpin dukun kanthi muteri sesajen. Sesajen ana kang digawa bali wong-wong kang melu ngrameake upacara mitoni.
2.4 Wektu Dilaksanakake Tradisi Mitoni
Pada kaya tembung asale (angka 7), mitoni dilaksanake wektu si ibu meteng suwene 7 sasi.Mitoni ora bisa dilakoni sewayah-wayah, biasane milih dina kang dianggep becik kanggo nganakake upacara mitoni. Dina kang apik kanggo upacara mitoni yaiku dina Selasa (Senin awan tekan wengi) utawa Setu (Jumat awan tekan wengi) lan dianakake ing wektu siang utawa sore, lan dina sing nduweni neptu genep. Kanggo papan panggonane upacara biasane dipilih ing pasren, yaiku senthong tengah. Pasren kanggone among tani kanggo panggonan nyembah Dewi Sri, dewi pari. Amarga masyarakat saiki ora duwe senthong, mula upacara mitoni biasane dilakoake ono ing ruang keluarga utawa ruang kang amba kang cukup kanggo nganaake upacara.
Mitoni sing kanggo nylameti kandungan calon anak pembarep, kudu dienekake siraman. Sakwise iku, mitoni kanggo anak kaloro utawa katelu ora apa-apa yen ora nggawe siraman.
2.5 Kena Apa Dilaksanakake Tradisi Mitoni
Mitoni dilaksanaake kanti pangarep arep supaya si jabang bayi kang ono gua garbane ibu lan ibu kang ngandet tansah pinaringan keslametan. Sakliyane iku, nglaksanakake tradisi mitoni ugamelu nglestarikake budaya jawa sing wus rada ilang ing jaman saiki.
2.6 Akibat Ora Dilaksanake Tradisi Mitoni
Mitoni dilaksanakakekanggo pangarep arep supaya si jabang bayi kang ono gua garbane ibu, lan ibune kang ngandet tansah pinaringan keslametan lan uga kanggo nyuwun pandonga marang Gusti Allah supaya jabang bayi mengko isa dadi wong sing becik lan migunani. Kajaba kui nglaksanakake tradisi mitoni uga melu nglestarekake tradisi adat jawa lami.
Dadi ana kekhawatiran yen ora nglaksanakae tradisi kasebut, bakal ana marabahaya sing nekani si ibu lan bayine kayata ibu kasebut isa keguguran
BAB III
PENUTUP
Simpulan
Simpulan sing kenek dijupuk saka uraian – uraian ing dhuwur yaiku :
1. Sejarah tradisi Tingkeban.
- Perlengkapan yang digunakan dalam tradisi Tingkeban.
Miturut crita asal saka jeneng "tingkeban" asalé saka jeneng ibu jenenge Niken Satingkeb, bojo Ki Sedya. Wong loro wis sangang anak nanging sanga dheweke tansah mati ing umur awal. Macem-macem usaha padha manggon, nanging uga ora ngasilaké asil. Nganti sedina padha ventured katon sadurunge Kanjeng Sinuwun Jayabaya. Jayabaya pungkasanipun maringi pitutur kanggo ngalami sawetara ritual. Sawise seri ritual sing disaranake dening Prabu Jayabaya, dadi Gusti Gusti Kang Murbeng dumadi Gusti Allah diwenehake sing request. Ki Sedya lan Niken Satingkeb tak bayi sehat lan dawa-urip. Kanggo ngelingi jeneng Niken Satingkeb, seri ritual wis Tulada dening generasi mengko kanggo saiki lan dijenengi tingkeban ing pangarep-arep saka ease lan ana alangan sak meteng, nglairaké nganti anak akeh munggah.
Peralatan sing digunaake :
Woh-wohan
|
Punar 2 buah
|
Kembang setaman
|
Sesaji dakripin
(Suro ganep)
|
Godhong dadap serep
|
Godhong beringin
|
Godhong andong
|
Janur
|
Mayang
|
Jenang abang
|
Jenang putih
|
Jenang kuning
|
Jenang ireng
|
Jenang waras
|
Jenang sengkolo
|
Proses utawa orane tumrap tradisi tingkeban :
1 Maos Kitab Suci Al-Qur'an
2 sungkeman
3 cipratan banyu
4 Pantes-Pantes(ganti klambi kaping 7)
5 tigas Gendit
6 brojolan
7 Angrem
8 Dhahar acara Cowek (cobek)
1 Maos Kitab Suci Al-Qur'an
2 sungkeman
3 cipratan banyu
4 Pantes-Pantes(ganti klambi kaping 7)
5 tigas Gendit
6 brojolan
7 Angrem
8 Dhahar acara Cowek (cobek)
Tingkeban dilaksanaake kanti pangarep arep supaya si jabang bayi kang ono gua garbane ibu lan ibu kang ngandet tansah pinaringan keslametan.
DAFTAR PUSTAKA
Gunasasmita. Kitab Primbon Jawa Serbaguna. Yogyakarta: Soemodidjaja Mahadewa.
http://wartawarga.gunadarma.ac.id/ (Selasa 12 November 2013: 12.19)
http://www.google.com/imgres?imgurl=https://blogger.googleusercontent.com/img/b/R29vZ2xl/AVvXsEhIYwqmyaAIMf2_nziTlqtDxVtqj-o3q9vyG8mbwDqcNE9HK8a3AuFdgrkFgJuPqPmbZYYAT2HW1jp2BKj_lXbrSm3NHJtuj5_mH0raJOHdzbpTI9mz0Ddqpku41tvCKvNDxScmd1U0vxo/s1600/tingkeban.jpg&imgrefurl=http://gema-budaya.blogspot.com/2013/03/tanggap-wacana-upacara-mitoni-sesorah. (Minggu, 17 November 2013: 07.34 )
http://www.google.com/imgres?imgurl=http://jejakbocahilang.files.wordpress.com/2013/03/mitoni-siraman-prosesi-bancakan.jpg (Minggu, 17 November