Jumat, 09 Desember 2016

CONTOH NASKAH DRAMA BAHASA JAWA 6 ORANG TENTANG MISTERI

Tags

NASKAH DRAMA BAHASA JAWA 6 ORANG TENTANG MISTERI




Hai gaes! jika pada postingan sebelumnya saya telah membagikan tips melatih otak, sekarang pada kesempatan kali ini saya akan membagikan contoh naskah drama bahasa jawa buat kalian yang sedang mempunyai tugas membuat naskah drama bahasa jawa. Ingat! ini hanya contoh ya, akan lebih baik bila kalian mau membuat naskah drama sendiri, siapa tahu kalian punya bakat menjadi scriptwriter lho..

Oke, Berikut ini adalah contoh naskah drama bahasa Jawa untuk 6 orang dengan tema misteri
.




I.   JUDUL : LOTRE BERHADIAH (kematian)

II.  Tema : Misteri Kematian

III. Dening : Roro Ratih Dwi Wulan.

IV. Paraga lan Watak :
-         -Kakung : Ora gampang percaya omongane uwong, ananging munafik.
-         -Wadon : ramah ananging egois
-         -Bujang : alus budi pekertine
-         -Kartini : periang, nanging ngebreh
-         -Biyunge bujang : Keibuan,ikhlas.
-         -Gadis : Manja

V.   Pemeran:
-         - Ahmad Rizki dadi Bujang
-         - Mahendra eka putra dadi kakung
-         - Tri Rahayu Puji Pratiwi dadi Kartini
-         - Mega Hening Laudina dadi Wadon
-         - Roro Ratih Dwi Wulan dadi biyunge bujang
-         - Vinna Lisdiana dadiPerawat lan Gadis





BABAK 1
                   Sepasang kekasih nduweni rencana nggawe acara undian kanggo nggolek kauntungan, wong loro iku ngajak kaloro kancane supaya gabung ing kegiatan sing jerene bakal ngolehake hadiah kang gede. pungkasane cerita ngenani persahabatan iku diwiwiti..

*Ing sawijining omah kontrakan
Wadon : “amerga saiki duit setorane awake dewe wis kakumpul, dadi dino iki
                 awakedewe wis iso ngundi”
Kartini : “ayo enggal diwiwiti!!! Aku uwis penasaran sopo seng bakal
                 ngolehake hadiah kang gedhe iku”
Wadon pungkasane miwiti ngocok lot kuwi. Pungkasane ana siji kertas seng ceblok
Alon alon kertas iku dibukak...

Wadon : “pungkasane saiki awake dewe ngerti sopo seng bakal beruntung dino iki, ya..i..ku...”
(kartini lan wong lanang loro,ngawasi tenanan)
Wadon : ya...i..ku! BUJANG!!!
(wong lanang seng kajeneng bujang kuwi ngadek)
Bujang : “he?! Tenanan iki? Alhamdullilah aku oleh undian omah,matur
                 suwun gusti allah! Aku ora nyangka yen bakal menangake lotre!”
Kartini : “peh ngecak tenanan kowe iku jang!”
Kakung : (mesem) “Alhamdullilah jang..”
Wadon : “congratulation jang...”(ngguyu karo nyalami bujang)

                        Sakwise iku acara diterusake karo mangan mangan. Werna-werna  panganan enak khas nusantara nyepak ing ruang makan omah kontrakan sing cukup gede iku.

1 jam wis kelewat,acara pengundian sederhana iku pungkasanebubar. Kartini ngeterne kakung,wadon lan bujang ing ngarepan omah
Bujang : “aku bubariki arep bali mulih ing omahe wong tuwaku. Aku arep
                ngomongi bapak lan ibu warta sing mbahagiakake iki, sapa ngerti iki
                hadiah sing paling apik kanggo wong tuwaku.”

                   Ngrungokake omongane bujang wong telu iku mesem. Bedo ceritane karo Wadon lan kakung, sepasang kekasih iku mutusake ndelok film ing bioskop amerga wis suwi ora metu bareng.
Ora let suwi, wong 4 iku pungkasane pisah..





BABAK 2

*Ing dalan

Bujang :(nyetir mobil) “aku tak telfon ibuk ae dhisik” (karo masang handset ing kupinge)
*Ora let suwi
Bujang : “Assalamu’alaikum, hallo buk? Kepriye kabare keluarga buk?”
Biyunge Bujang : “Wa’alaikum salam.. apik-apik wae le, kadingaren telfon,
                                ana apa?”
Bujang : “Dina iki aku arep mulih neng Tulungagung buk, aku nduwe pawartaapik”
Biyunge Bujang : “pawartaapik, apa iku le? Sampean arep rabi?”
Bujang : “Hahaha, sanes buk, pun ta mangkemawon yen sampun wangsul aku takcerita.”
Biyunge bujang : “Ya uwis yen ngono, kira-kira tekamu jam pira le?
                        mengko takmasakne panganan senenganmu, telo goreng”
Bujang : “yen mboten macet, InsyaAllah 4 jam engkas buk”
Biyunge Bujang : “iya wis, yen nyetir sing ngati-ngati ya. Wassalamu’alaikum”
Bujang : “iya buk, wa’alaikumsalam.”

Telepon pungkasanemati, Bujang nambahake kecepatan laju mobile. Langit sing maune abu-abu mendung, saiki nyeblokake banyune..
                        Wis 2 jam perjalanan, kurang 79 Km engkas Bujang bakal teka ing Tulungagung. Bujang narik pegas mobile, nambahakake kecepatane maneh. Dalan sing menggak-menggok,munggah mudun ditambah banyu udan sing marakake dalan lunyu nyebabake ati was-was. Mripate Bujang fokus nyawang arah ngarep, dalan sing menggak-menggok mau dilewati kanthi lancar.

                         Saiki mlebu dalan perbatasan Surabaya-Malang,  Bujang nambah kecepatane maneh,kamangkadheweke ngliwati dalan sing cukup mbebayani amerga cedeke jurang. Ora let suwi, ing tikungan ngarep muncul trek. Bujang sing wis awaskaro bebaya ing ngarepe enggal-enggal ngidak rem gas, ananging kendaraane ora tambah alon.

Bujang : “Lho kena apa iki?”
Bujang : Kok ora isa ngerem ana apa iki? (karo panggah nyoba ngidak rem)
Trek sing ing ngarepe wis saya cedek
Bujang :“Kepriye iki?!”

Saya cedek..
Saya cedek..lan
Bujang : “ARRGGHHHH!!”

“DRUAGHKKK!!” Krungu suara dentuman sing banter banget, suara iku kanthi nggema ing lembah-lembah sesandinge. Mobile Bujang nabrak trek, kepental nganti ceblok ing jurang, molak-malik glundung ra karuan, awake bujang ketunjep karo pecahan koco mobile, tulange moslah-maslih uwis ora bentuk uwong, getih mancur deres saka awake.

Mobil sing glundung mau saiki wis teko ing dasar jurang, suarane alarm ora isa mandek. Ora let suwi, mobil iku mbledos, ngobarake geni kang guedhe.
Udane saya deres, nanging ora isa madamake geni kuwi..
Langit saya petheng dedet,Kahanan sing maune adem ayem dadi kelam mencengkam.
Ora ana setengah jam,mobil polisi teka disusul mobil pemadam kebakaran lan ambulans





BABAK 3

*Ing parkiran gedung bioskop
Kakung : (arepe ngetokake motor saka parkiran)
Wadon : (karo nyekel HP)“Innalillahi wa inna lillahi roji’un, mas! Mas!”
Kakung : “Ana apa ta dek?”
Wadon : “Kartini mas! Kartini!”
Kakung : “Kartini anaapa dek?”
Wadon : “Kartini omong! Kartini omong!”
Kakung : “Kartini omong apa dek?, sikta tenango dhisik!”
Wadon : “BUJANG MATI!!”
Kakung : “Astagfirullahal’adzim, kok isa sampean muni ngono?”
Wadon : “Iyo mas, mau Kartini ngebel lan sms aku, nangingakuoraweruh, banjursaiki sms mentas tak waca, Kartini ngomong yen Bujang wis ora ana
                 amerga kecelakaan!”
Kakung : “Sik aja percaya disek, sapa ngerti Kartini mung guyon, coba saiki Kartini telfonen, panggone wonge saiki menyangendi!”

Wadon nuruti panjalukane calon bojone iku, sakwise weruh panggone Kartini saiki, wong loro iku langsung budal marani Kartini.


BABAK 4

*Ing rumah sakit
Kartini : (kuwatir lan rada ndredeg) “Ya Alloh..Wadon karo kakung menyang endi ta?Kok ora mrene..mrene!?”
(Wadon karo Kakung gruduk-gruduk marani Kartini)
Kartini : “Cah Bujang cah..” (nangis)
Kakung : “Iya..kar, tenango dhisik
(Wadon ngrangkul Kartini lan ngelus-ngelus pundake kancane iku)
Wadon : “Iya kar, tenango disik, bubarngono ceritaa..”
Kartini : (karo nangis) ”Bujang.. Bu-jang.. Ma-tii.. Bujang.. ninggalake awake dewe..”
Wadon : “kowe kok ngerti yen kui bujang?”
Kartini : “Aku ketepakan lagi piket ing kantor polisi, banjur, banjurdumadakan, ana laporan mobil kecelakaan, ing perbatasan, banjur.. plat.. plat mobile..
Wadon : “plat mobile padha kaya dhuweke Bujang?”
Kartini : (nangise saya gugluk) “I-iya karr...”
Wadon : “Innalillahi wa inna lillahi raji’un. aku ya ora nyangka kar, yen Bujang bakal cepet banget ninggalake awake dewe” (karo ngusap eluh ing pipine)
Sawetara iku kakung lagi omong-omongan karo petugas sing ngotopsi jenazah sing identitase mirip bujang iku. Sakwise oleh bukti sing mbenerake kakung ngebel keluargane bujang.





BABAK 5

Sesasi sakwise kematiane bujang, undian lotre iku dibacutake. Saiki anggone ngopyok ing omahe wadon. Sakwise wong telu iku ngumpul, acara diwiwiti. Wadon wiwit ngocok-ngocok wadah sing diiseni buntelan jeneng mau, ra let suwi ceblok kertas siji, Wadon mbukak kertas iku, lan seng menang dina iki yaiku Kartini.

Kartini : “Alhamdulillah ya Alloh, aku oleh 2 tiket umrah, aku bakal ngajak ibukku
moro ing mekkah lan madinah, Alhamdulillah ya Allah, Bujang cara
kowe isa ndeleng aku saiki, kowe paling melek jang, aku uga bakal
ngedongakne kowe jang, aku bakal nyebut jenengmu ing tanah suci, muga-muga duso lan kesalahanmu ing dunya diampuni jang.. ” ( unine karo mbrebes mili)
Wadon : (ngrangkul kartini) “Aamiin, sabar yakar, aku ya kangen karo bujang, dheweke mesti nggawe awake dewe ngguyu, aku kangen suara gedhine lan aluse tutur perkataane, umpamabujang weruh yen kowe demen karo wonge kar..

              Kartini sing maune brusaha ndelekake tangise saiki wis ora kuat, tangise saya banter. Kakung sing ndelok wong loro iku mung isa muni “sabar” lan ngelus2 pundake kartini, untung kakung iku lanang sing ora gampang baperan, cara ora isa-isa tangise wong telu iku marakake banjir bandang.
Sesuke kartini, lan wadon moro ing bank njupuk duwit sejumlah puluhan juta kanggo mbayar biayane umrah,kakung ora melu amerga deweke ana rapat ing kantor.



               Seminggu wis kelewat kartini uga wis kedaftar dadi calon peserta umrah, pelatihan lan bimbingan manasik umrah maeng esuk nggawe deweke kekeselen banget, wengine kartini langsung turu kanthi ngorok-ngorok.

Waktu ndudohake sjam 12.30 WIB
Kriekk.. suarane lawang pager mbukak, kartini kayake lali ora ngunci lawang pagere.
Ora let suwi ana bayangan ireng nglewati pager iku, banjur menek jendela ngarep sing pengaite ora dikunci. alon nanging mesthi bayangan ireng mau saiki mlebu omah. Sakwise iku suasana sakdesa peteng kabeh amerga mati lampu.
“Brakk..” saka pawon krungu suara barang ceblok, kaya kucing sing lagi nyebloake tutup panci kanggo nyolong iwak, kamangka kamare Kartini cedek karo pawon iku, ananging saking kesele, nganti ora krungu apa-apa, ora kerasa yen omahe kelebonan maling.

        Bayangan ireng mau metu maneh saka ngomah, saiki lewat cendela pawon, langsung cepet2 menek tembok pembates  mburi. Karo lungguh ing duwur pembates tembok, bayangan ireng mau njupuk lilin saka sake, murupake korek lan ngebong sumbune lilin mau. Tangane saiki njupuk ancang-ancang siap ngoncalake lilin. 1,2,3.. lilin iku mlebu jendela pawon, bayangan ireng mau cepet-cepet mlayu.

     Ora let suwi, krungu suara bledosan kang banter banget, murupe geni sing siap nglalap sembarang-barange, suasana desa sing maune peteng saiki padhang jinglang.


*Ing dina sesuke, ing omahe kakung
(Hpne kakung muni, kakung sing maune turu saiki tangi, grayah-grayahi meja cedek kasure)
Kakung : “hallo? Ana apa dek?”
Wadon : “Mas! Mas! Penting mas! Kartini! Kartini!”
Kakung : ”Ana apa karo kartini?”
Wadon : “Kartini! Kartini Mati Mas!!”
Kakung : (kaget) astagfirullahal’adzim! Sampean aja guyon ta dek!”
Wadon : “Sumpah mas! Aku ora ngapusi! Aku maeng delok berita ing tv mas! Sebuah rumah di desa Gunungsari, jalan perwari no 16 mengalami kebakaran pukul 11 dinihari! 1 orang ditemukan tewas terbakar! Iku Kartini mas! Kartini!”
 Kakung : “ Tenang,tenango disik, aja suudzan disik dek, coba awake dhewe moro ing omahe kartini dhisik
Wadon : “aku ora suudzan mas, ya wes bubariki aku tak ngampiri sampeyan, awake dewe bareng-bareng moro ning omahe kartini”
Kakung : “Iya.”

Setengah jam wis kelewat, wadon moro ing omahe kakung, pungkasane wong loro iku budal bareng moro omahe Kartini.
Setibane ing omahe kartini, wong loro iku kaget banget nalika weruh kahanane omah sing wis digaris kuning iku, apa meneh wadon. Jebule apa sing deweke khawatirne iku bener, wadon sing ora isa nerima kenyataan yen sahabate mati ngenesake kui pungkasanesemaput, kakung kanthi sigap nampani awake wadon.
Wadon lan kakung kelangan sahabate maneh.



BABAK 6

(Seminggu sakwise kematiane Kartini, Ing Omahe wadon)
Kakung : “Aku jan ora habis pikir, kok isa kancane awae dewe mati kabeh sakbubare oleh hadiah saka undian lotre iku. Bujang, Kartini, kena apa koe iku??”
Wadon : “kanthi dasar opo sampeyan muni ngono mas? Aja nyalahne awakmu dewe!”
Kakung : “lha pancen iyo lho dek, sepisan bujang! Bubar menangake hadiah lotre, kacek rong jam dheweke mati. Kaloro Kartini! Let seminggu ngolehake hadiah undian, deweke yo mati. Wong-wong maleh curiga karo awae dewe! Aku bingung, jan-jane ana apa iki? Apa kedadeyan iku amerga azab saka gusti?”
Wadon : (nangis)“aja muni ngunu to mas, aku wedi. Aku wedi yen awake dewe ngalami hal sial kaya iku, aku  wedi yen awake dewe ora iso bersatu, aku ora pengen pisah karo sampeyan mas.”
Kakung : (ngrangkul) “aku ya ora pengen pisah karo sampeyan dek, wis cup..cup.. aja nangis meneh.” (karo ngusap pipine wadon)
Wadon : “njur sisane duwit iuran iki diapakna mas? Di dum 2 wae ya..”
Kakung : “Ora dek, aku wis ora minat, awake dewe sumbangne wae ning lembaga sosial ya..”
Wadon : “Lha nyapo to mas kok ngunu ki?!  Awake dewe rakyo melu nyumbang duwit to? njur tujuane awal awake dewe rak yo digawe nggolek keuntungan to?”
Kakung : “Iya dek sampeyan ancen pener, nanging dudu keuntungan sing licik sing tak maksut, kuwi kabeh dudu mung duwite awake dewe dek, sik ngandung duwite bujang lan kartini, luwih becik disumbangne ae itung-itung karo ngamal."
Wadon : “Ora mas aku ora setuju karo sampeyan”
Kakung : “Lha apa alasane sampean ora setuju ki?”
Wadon : “Pokoke aku ora setuju!”
Kakung : “Sampean aja ngunu lho dek. Ora pareng serakah marang duwit ki..”
Wadon :“Aku ora serakah mas, nanging duwit ikurak kena kanggo mbiayai pesta perkawinane awake dewe mbesuk!”
Kakung : “Aku sik nduwe duwit dek, dadi aja kuwatir”


                                 Nanging wadon ora ngegubris, saya suwi padudon iku mau saya sengit. Kakung sing raine abang ireng ngaleh,meduni tangga, wadon nututi, ning tangga iku wong loro tukaran maneh. Kakung sing wis budrek ora sadar yen deweke njengkakne wadon. Amerga ora isa njaga keseimbangane wadon tiba, awake glundunang turut tangga. Setibane ing mester, sirahe wadon ngetokake getih, mester keramik putih iku saiki kaya Kolam geteh.

                Kakung sing maune abang ireng saiki bingung lan wedhi, dheweke ora ngerti apa sing kudu dilakoni. Deweke nyedeki tubuhe wadon, kakung khilaf, sirahe saiki mumet banget, panyawangane burem, lan pungkasane ambruk.
Ing turune pas ambruk kui mau, kakung ngipi yen deweke kaya medot kabel, nanging ora ngarti iku kabel apa. Ing ngipiliyane kakung kaya mlebu pawonan, ngutak-ngatik gas, Deweke metu ko pawon kui lan ngoncalake lilin ing arah jendela pawon kui. Ra let sui kakung tangi, ananging..

Kakung : (mringis karo ngangkat sirahe wadon) Nduk..nduk.. deloken kowe saiki, iki akibate kowe ra manut karo aku, penak to adus getih kaya ngene.. kono susulen kancamu ning akhirat kono! Ya nduk? Aja merem ae.. saurana aku nduk!
Kakung sing saiki kaya dudu kakung, ekspresi wajahe berubah jahat. Kakung ngadek, njupuk telepon ning sak e, lan ngetik salahsijinomor.
Kakung : (macak cemas) “Halo, dengan rumah sakit Dr.Soetomo?!”
Perawat : “Iya pak, ada yang bisa kami bantu?”
Kakung : “Tolong segera kirim ambulan ke jalan Riau no 13B! ,saya mohon mbak! Calon istri saya jatuh dari tangga dan kepalanya berdarah! Tolong cepat mbak!”
Perawat : “Iya pak, akan kami usahakan tiba secepatn
ya”

15 menit candhake, suara sirine ambulan keprunguing pekarangan omah.
Ing rumah sakit, kakung ketok susah, deweke lungguh lesu, ra let suwi kaluargane wadon teko, nakokake kahanane wadon, kakung jawab karo nangis. 3 jam kelewat, dokter sing nangani wadon ngomong, yen wadon beruntung sik iso slamet, ananging wadon kemungkinan ora bakal eleng sapa deweke lan nkaluargane amerga benturan keras pas sirahe natap mester. Ngrungokake berita iku, kakung lan ibuke wadon nangis gugluk.
Sakwise iku, kaluargane kakung ngongkon kakung muleh, amerga deweke wis suwi njaga wadon.






BABAK 7
           5 sasi wis kelewat, khasuse wadon sing ceblok ko tangga wis dilalekake. Wadon saiki wis siuman, ananging deweke malih kaya wong bingung, sembarang-barang kudu dibantu, yen mangan kudu di dulang, yen adus kudu didusi. Ibuke wadon mung isa pasrah marang kahanane putrine.


Sawetara iku kakung, deweke wis pindah saka surabaya ning Riau, dheweke pamitan ambe keluargane wadon uga nyuwun pangapunten amerga ora isa njaga wadon.
Ing Riau Kakung kerja dadi karyawan kantor, saiki dheweke uga wis duweni gandengan sing jenenge Gadis, lan kanca-kanca anyar sing akeh.
Ing sawijining dina, ing restoran.

Gadis : “yang..??”
Kakung : “Iya anaapa?”
Gadis :“Kepriye yen awake dewe nyisihake yatra kanggo wiragat pernikahane awake dewe mengko?”
Kakung : “Hmm, pemikiran sing apik, sesasi nabung pira?”
Gadis :“Hmm..Kepriye yen awake dewe nggawe arisan ngunu? Awake dewe ngajak kanca-kanca!, sesasi iuran 100.000.Yen awake dewe angsal undiane kan lumayan!, kepriye?”
Kakung : (mesem) “dengan senang hati..”


TAMAT